Rabu, 24 Agustus 2016


Nama : Laurensius Deby Yufa Pratama 


 
TRESNA KETHEK

Jenengku Jarwo, aku saki kelas 3 SMA ing sawijining SMA sing nduweni jeneng ing kuthaku. Ceritaku diawali saka sawijining dina ing bulan Januari.
Isuk kuwi, srengenge wayah esuk nembus kaca cendelaku, njegidak aku tangi marang kasur lan mulai kegiatan kaya biasane, yaiku sekolah. Dina iki dina pertamaku kelas 3 mlebu sekolah, aku wis gak sabar pethuk kanca – kanca sekolah biasane bubar prei liburan meh sak ulan. Sejatine aku ya pengin pethuk arek wadon sing wis tak incer nalika aku isih kelas 2 jenenge Surti, dheweke adhik kelasku nalika SMP nganti saiki. Mbuh nyangapa aku tresna marang dheweke lagek saiki, akhir – akhir iki aku sering mikirne Surti, padahal pas SMP mbiyen aku gak tau pethuk areke pas ndek sekolah amarga aku jarang metu kelas. Surti kuwi bocahe tertutup, rodok polos, lan menengan. Aku mesti seneng arek wadon sing kaya ngono, rasane yen disawang isa nentremne ati.
Dina saben dina aku banjurusaha gawe nyedhiki Surti, nganti pungkasane aku duwe pin BB ne saka Kardi, konco plek ku. Kardi kuwi yen diceluk kanca ya kanca nanging Kardi mesti enek pas aku lagi butuh apa – apa. Pertama aku ngechat Surti saka BBM dheweke sejatine cuek e ranguati ati. Aku omong ng Kardi yen Surti kuwi sejatine cuek, luweh penak diarani cuek bebek. Nanging Kardi malah njawab, lumrah Jar yen wong wadon kaya ngonoiku, jenenge ae rung sepira kenal mestine areke yo jek ragu – ragu gawe ben isa supel. Oalah sejatine arek wadon iku ancen kaya ngono, maklum aku lagi ngerti barang – barang ngonoiku. Alon – alon penting kelakon aku nyediki Surti kanthi ketiti, dheweke tak keki pangerten mbendino supaya atine isa luluh marang aku. Nganti sawijining dina, aku ngajak Surti pethukan. “Ti, aku pengin pethuk awakmu sesok bubar sekolah” chatku marang Surti. Surti mbales “Aku isin mas Jarwo, sakdurunge aku gung tau metu karo arek lanang”. Ing atiku kebek tanda takok apa bener yen Surti kuwi ora tau metu karo arek lanang sakdurunge. Sejatine kuwi bener, aku takon marang Sari, kanchane Surti apa bener yen Surti ora tau metu karo arek lanang? Pitakonku marang Sari lewat SMS. Bener mas Jarwo, Surti iku areke polos lan ora tau neka – neka.
Wayah iku dina Kamis, pikiranku akhir – akhir iki Cuma fokus kepingin nembak Surti lan ndadekne dheweke pacarku. Aku emoh yen nembak lewat BBM opo SMS, atiku gak tenang. Aku luwih seneng yen ngomong langsung ning adepane dheweke. Nanging ya piye maneh wong Surti kuwi ora gelem yen diajak metu cah 2. Nanging surti gelem yen pethuk sedhela bubar sekolah, kamis bengi aku ngomong ning Surti yen sesok muleh sekolah aku kepengin pethuk sedhela, karo empane abot ati Surti njawab “Iyo mas Jarwo sesok tak enteni ning ngarep kelasku, aku papaken” atiku langsung bungah seneng rakaru – karuan. Dina sesok pokok kudu sukses anggonku nembak Surti, bengi iku aku langsung nyiapno geguritan, coklat, lan kembang kanggo nembak Surti sesok.

Dina sesok wes teka, atiku seneng campur ndredhek ngenteni bel muleh sekolah. Tett tett tett, bel mulih sekolah wis dipencet atiku saya ndredhek. Aku mlaku alon – alon marang kelase Surti  sembari ngeling – ngeling geguritan sing wis tak siapno kanggo nembak Surti. Pungkasane kuwi kabeh wes kedaden “Surti, aku tresna marang sliramu, aku raisa ngempet kahanan iki maneh, awakmu gelem dadi pacarku?” pitakonku karo rodok grogi. Surti meneng ae ragelem njawab aku saya tambah bingung. “Surti nyangapa kowe meneng ae, jawaben pitakonku mau” pitakonku kapindo marang dheweke. “Iyo mas Jarwo, aku ya tresna marang kowe, aku gelem dadi pacarmu”. Alhamdulilahhhhhhhh atiku seneng rakaru – karuan saiki aku wes pacaran karo Surti, bocah sing tak idam idamne nalika mbiyen. Saiki aku budhal sekolah bareng, muleh sekolah bareng, mangan bareng apa – apa mesti bareng kaya – kaya tresna ku iki wis ora bisa di ganggu apa ae. Pacaran wis jalan meh 1 tahun, akhir e ana masalah sing uabot sing ora bisa tak adepi maneh maneh karo Surti, banjuraku karo Surti mutusne yen hubungan e awakdewe nganti sakmene wae, awakdewe aja dadi musuh nanging sek isa dadi kanca lan isa nyengkuyung kegiatan e dewe – dewe. Yawis kabeh iki pancen lara, nanging aku akeh njupuk pelajaran marang masa
lah iki. Sing lagi tren saiki masalah ngeneki isa diarani ”TRESNA KETHEK”.