Nama : Laurensius Deby Yufa Pratama
TRESNA
KETHEK
Jenengku
Jarwo, aku saki kelas 3 SMA ing sawijining SMA sing nduweni jeneng ing kuthaku.
Ceritaku diawali saka sawijining dina ing bulan Januari.
Isuk
kuwi, srengenge wayah esuk nembus kaca cendelaku, njegidak aku tangi marang
kasur lan mulai kegiatan kaya biasane, yaiku sekolah. Dina iki dina pertamaku
kelas 3 mlebu sekolah, aku wis gak sabar pethuk kanca – kanca sekolah biasane
bubar prei liburan meh sak ulan. Sejatine aku ya pengin pethuk arek wadon sing
wis tak incer nalika aku isih kelas 2 jenenge Surti, dheweke adhik kelasku nalika
SMP nganti saiki. Mbuh nyangapa aku tresna marang dheweke lagek saiki, akhir –
akhir iki aku sering mikirne Surti, padahal pas SMP mbiyen aku gak tau pethuk
areke pas ndek sekolah amarga aku jarang metu kelas. Surti kuwi bocahe
tertutup, rodok polos, lan menengan. Aku mesti seneng arek wadon sing kaya
ngono, rasane yen disawang isa nentremne ati.
Dina
saben dina aku banjurusaha gawe nyedhiki Surti, nganti pungkasane aku duwe pin
BB ne saka Kardi, konco plek ku. Kardi kuwi yen diceluk kanca ya kanca nanging
Kardi mesti enek pas aku lagi butuh apa – apa. Pertama aku ngechat Surti saka
BBM dheweke sejatine cuek e ranguati ati. Aku omong ng Kardi yen Surti kuwi sejatine
cuek, luweh penak diarani cuek bebek. Nanging Kardi malah njawab, lumrah Jar
yen wong wadon kaya ngonoiku, jenenge ae rung sepira kenal mestine areke yo jek
ragu – ragu gawe ben isa supel. Oalah sejatine arek wadon iku ancen kaya ngono,
maklum aku lagi ngerti barang – barang ngonoiku. Alon – alon penting kelakon aku nyediki Surti kanthi ketiti,
dheweke tak keki pangerten mbendino supaya atine isa luluh marang aku. Nganti
sawijining dina, aku ngajak Surti pethukan. “Ti, aku pengin pethuk awakmu sesok
bubar sekolah” chatku marang Surti. Surti mbales “Aku isin mas Jarwo,
sakdurunge aku gung tau metu karo arek lanang”. Ing atiku kebek tanda takok apa
bener yen Surti kuwi ora tau metu karo arek lanang sakdurunge. Sejatine kuwi
bener, aku takon marang Sari, kanchane Surti apa bener yen Surti ora tau metu
karo arek lanang? Pitakonku marang Sari lewat SMS. Bener mas Jarwo, Surti iku
areke polos lan ora tau neka – neka.
Wayah iku dina Kamis, pikiranku akhir – akhir iki Cuma
fokus kepingin nembak Surti lan ndadekne dheweke pacarku. Aku emoh yen nembak
lewat BBM opo SMS, atiku gak tenang. Aku luwih seneng yen ngomong langsung ning
adepane dheweke. Nanging ya piye maneh wong Surti kuwi ora gelem yen diajak
metu cah 2. Nanging surti gelem yen pethuk sedhela bubar sekolah, kamis bengi
aku ngomong ning Surti yen sesok muleh sekolah aku kepengin pethuk sedhela,
karo empane abot ati Surti njawab “Iyo mas Jarwo sesok tak enteni ning ngarep
kelasku, aku papaken” atiku langsung bungah seneng rakaru – karuan. Dina sesok
pokok kudu sukses anggonku nembak Surti, bengi iku aku langsung nyiapno geguritan,
coklat, lan kembang kanggo nembak Surti sesok.
Dina sesok wes teka, atiku seneng campur ndredhek
ngenteni bel muleh sekolah. Tett tett tett, bel mulih sekolah wis dipencet
atiku saya ndredhek. Aku mlaku alon – alon marang kelase Surti sembari ngeling – ngeling geguritan sing wis
tak siapno kanggo nembak Surti. Pungkasane kuwi kabeh wes kedaden “Surti, aku
tresna marang sliramu, aku raisa ngempet kahanan iki maneh, awakmu gelem dadi
pacarku?” pitakonku karo rodok grogi. Surti meneng ae ragelem njawab aku saya
tambah bingung. “Surti nyangapa kowe meneng ae, jawaben pitakonku mau”
pitakonku kapindo marang dheweke. “Iyo mas Jarwo, aku ya tresna marang kowe,
aku gelem dadi pacarmu”. Alhamdulilahhhhhhhh atiku seneng rakaru – karuan saiki
aku wes pacaran karo Surti, bocah sing tak idam idamne nalika mbiyen. Saiki aku
budhal sekolah bareng, muleh sekolah bareng, mangan bareng apa – apa mesti
bareng kaya – kaya tresna ku iki wis ora bisa di ganggu apa ae. Pacaran wis
jalan meh 1 tahun, akhir e ana masalah sing uabot sing ora bisa tak adepi maneh
maneh karo Surti, banjuraku karo Surti mutusne yen hubungan e awakdewe nganti
sakmene wae, awakdewe aja dadi musuh nanging sek isa dadi kanca lan isa nyengkuyung
kegiatan e dewe – dewe. Yawis kabeh iki pancen lara, nanging aku akeh njupuk
pelajaran marang masa
lah iki. Sing lagi tren saiki masalah ngeneki isa diarani
”TRESNA KETHEK”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar